Bahasa lain

Pertanyaan

Buatlah tanggapan sesorah atur panampi

1 Jawaban

  • Dhumateng para kadang, ingkang sepisanan mangga kita sesarengan ngonjukaken raosing syukur dhumateng ngarsaning Gusti Allah swt pramila kita sedaya saged kempal wonten dalu punika. Para kadang, kawula bapak Agus Priyanto, pinangka sesulihipun panjenengan bapak Joko Susilo sekaliyan ingkang kula bekteni.

    Kaping kalih: kula ngaturaken sugeng rawuh saha pambagya harja katur dhateng panjenengan sapangiring. Wondene salam taklim saha salam kawilujengan bapak Darma ngresaya panjenenganipun, sampun kula tampi, samangke badhe kula aturaken dhateng panjenengan bapak Joko Susilo sekaliyan.

    Kaping tiga: pasrah panjenengan calon temanten kakung ingkang nama Radit Setya Aji putranipun bapak Darma ingkang badhe sesarengan gesang bebrayan kaliyan calon temanten putri inggih menika putranipun estri bapak Joko Susilo ingkang nama Rara Ajeng Hesti Rahayu. Wondene tumrap kalampahan upacara ijab saha panggih, panjenengan pasrah dhateng kula, sampun wonten pamurba kula.

    Wasana, cekap semanten sumangga tansah nyuwun wonten ngarsaning Gusti Allah swt, mugi-mugi pahargyan wiwahan ing dalu menika tansah pinaringan kanugrahan saking Gusti Allah swt, saha wilujeng sedaya tata cara, upacara wiwahan ing wanci siyang menika. Menawi kathah kalepatan saha kirang anggenipun atur panampi kula, kula nyuwun agunging pangaksami. Nuwun.

    Atau Tidak Jawabannya

    Dhumateng panjenenganipun Bapa Sumino ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa Harsono sekalihan garwa ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

    Kanthi linambaran trapsila ing budi rahayu miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa keparingipun Bapa Harjono sekalihan, kawula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bapa Harsono sekalihan lumantar panjenganipun Bapa Sumino.

    Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa papindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga. Sanget ketampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe kadang besan lumantar panjenengan kawula tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami.

    Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kawula tampi kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kawula aturaken wonten ngarsanipun Bapa Harjono sekalihan garwa. Mboten kekilapan Bapa Harjono sekalihan namung ngaturaken agenging panuwun menggah sedaya 
    peparinganipun badhe kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa Harjono sekalihan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.

    Namung semanten panampi saking Bapa Harjono sekalihan garwa lumantar kawula, ngaturi uninga bilih menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking panggih, kasuwun panjenenganipun Bapa Harsono sekalihan wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.

    Minangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning bojakrami anggen Bapa Harjono sekalihan garwa hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara, kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, kawula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.

Pertanyaan Lainnya