B. Daerah

Pertanyaan

Buatlah contoh-contoh wangsalan

1 Jawaban

  • Wangsalan yoiku unen unen utawa tetembungan kang saemper cangkriman kang batngane (wangsulane) wis sinandi ing wanda wandaning tembung tembung. Wangsalan kaperang dadi 6 yoiku:
    1.wangsalan padinan: wangsalan kang di gunakake mingangka pacelthon ing saben dinane, mula ana sing nganggo nyebutake batangane lan ana sing tanpa batangan
    Conto: njanur gunung, kadingaren gelem mampir
    Wangsalan: Njanur gunung
    Batangan: aren
    Tebusan: kadingaren
    2. Wangsalan lamba: wangsalan kang mung isi batangane siji
    Conto: roning mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso
    3.wangsalan rangkep: wangsalan kang bisa batangane luwih saka siji
    Conto: jenang sela, wader kalen sesonderen
    4.wangsalan memet: wangsalan lang carane nggoleki batangane sarana ngonceki maksude tetembungan ambal ping pindo
    Conto: uler kambang , yen trimo alon alonan bae
    5.wangsalan edipeni:
    Wangsalan sing di dapuk saka tetembungan endah
    6.wangsalan ing sekar:wangsalan kang mapan ana sajroning sekar utawa tembang
    Conto: jenang gula, kowe aja lali (jenang gula=gulali=lali)

Pertanyaan Lainnya